Petualangan Kulawarga Kenzi ing Kebun Binatang Serulingmas
![]() |
| Ilustrasi Kulawarga Kenzi ing Kebun Binatang Serulingmas. (Gemini) |
ꦥꦺꦠꦸꦮꦭꦤ꧀ꦒꦤ꧀ ꦏꦸꦭꦮꦂꦒ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦏꦺꦧꦸꦤ꧀ ꦧꦶꦤꦠꦤ꧀ꦒ꧀ ꦱꦺꦫꦸꦭꦶꦤ꧀ꦒ꧀ꦩꦱ꧀
Petualangan Kulawarga Kenzi ing Kebun Binatang Serulingmas
ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦫꦸꦩꦤ꧀ꦒ꧀ꦱ ꦱꦺꦤꦺꦤ꧀ꦒ꧀ ꦧꦤ꧀ꦒꦺꦠ꧀ ꦲꦩꦂꦒ ꦢꦶꦤ ꦲꦶꦏꦶ ꦲꦫꦺꦥ꧀ ꦥ꧀ꦭꦺꦱꦶꦫꦤ꧀ ꦧꦫꦺꦤ꧀ꦒ꧀ ꦧꦥꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦲꦶꦧꦸꦤꦺ꧉
Kenzi rumangsa seneng banget amarga dina iki arep plesiran bareng bapak lan ibune.
ꦱꦮꦶꦱꦺ ꦏꦧꦺꦃ ꦱꦶꦪꦥ꧀ ꦏꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦺ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦧꦸꦢ꧀ꦲꦭ꧀ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦩꦺꦴꦧꦶꦭ꧀ ꦩꦺꦤ꧀ꦪꦤ꧀ꦒ꧀ ꦏꦺꦧꦸꦤ꧀ ꦧꦶꦤꦠꦤ꧀ꦒ꧀ ꦱꦺꦫꦸꦭꦶꦤ꧀ꦒ꧀ꦩꦱ꧀꧉
Sawise kabeh siap kulawargane Kenzi budhal numpak mobil menyang Kebun Binatang Serulingmas.
ꦱꦠꦺꦏꦤꦺ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦏꦤ꧈ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦭꦤ꧀ꦒ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦒ꧀ ꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧀ꦲꦺꦭ꧀ ꦠꦤ꧀ꦒꦤ꧀ ꦧꦥꦏꦺ ꦲꦩꦂꦒ ꦮꦶꦱ꧀ ꦲꦺꦴꦫ ꦱꦧꦂ ꦥꦺꦤ꧀ꦒꦺꦤ꧀ ꦤ꧀ꦢꦺꦭꦺꦤ꧀ꦒ꧀ ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀꧉
Satekane ing kana, Kenzi langsung nggondhel tangan bapake amarga wis ora sabar pengen ndeleng kewan-kewan.
ꦏꦺꦮꦤ꧀ ꦥꦶꦱꦤꦤ꧀ ꦱꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦢꦶꦢꦺꦭꦺꦤ꧀ꦒ꧀ ꦪꦻꦏꦸ ꦒꦗꦃ ꦱꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦒꦺꦢ꧀ꦲꦺ ꦧꦤ꧀ꦒꦺꦠ꧀꧉
Kewan pisanan sing dideleng yaiku gajah sing gedhe banget.
ꦤꦭꦶꦏ ꦭꦒꦶ ꦤ꧀ꦢꦺꦭꦺꦤ꧀ꦒ꧀ ꦒꦗꦃ ꦧꦥꦏ꧀ ꦤꦺꦫꦤ꧀ꦒ꧀ꦏꦏꦺ ꦧꦧꦒꦤ꧀ ꦲꦗꦃ ꦭꦤ꧀ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦤ꧀ꦒ꧀ꦫꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦏꦏꦺ ꦏꦤ꧀ꦠ꧀ꦲꦶ ꦱꦺꦩꦤ꧀ꦒꦠ꧀꧉
Nalika lagi ndeleng gajah bapak nerangkake babagan hajah lan Kenzi ngrungokake kanthi semangat.
ꦧꦥꦏꦺ ꦲꦸꦒ ꦤ꧀ꦒꦺꦤꦭꦏꦺ ꦏꦺꦮꦤ꧀ ꦭꦶꦪꦤꦺ ꦏꦪ ꦏꦺꦠ꧀ꦲꦺꦏ꧀꧈ ꦩꦕꦤ꧀꧈ ꦭꦤ꧀ ꦩꦤꦸꦏ꧀ ꦮꦂꦤꦮꦂꦤꦶ꧉
Bapake uga ngenalake kewan liyane kaya kethek, macan, lan manuk warna-warni.
ꦱꦮꦶꦱꦺ ꦏꦺꦱꦺꦭ꧀ ꦩ꧀ꦭꦏꦸꦩ꧀ꦭꦏꦸ ꦤ꧀ꦢꦺꦭꦺꦤ꧀ꦒ꧀ ꦏꦺꦮꦤ꧀꧈ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦤ꧀ꦒꦗꦏ꧀ ꦲꦶꦧꦸꦤꦺ ꦠꦸꦏꦸ ꦗꦗꦤ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦤ꧀ ꦱꦺꦒꦺꦂ꧉
Sawise kesel mlaku-mlaku ndeleng kewan, Kenzi ngajak ibune tuku jajan lan omben seger.
“ꦧꦸ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦥꦺꦤ꧀ꦒꦶꦤ꧀ ꦠꦸꦏꦸ ꦲꦺꦱ꧀ꦏ꧀ꦫꦶꦩ꧀꧈” ꦲꦸꦗꦫꦺ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ꧉
“Bu Kenzi pengin tuku eskrim,” ujare Kenzi.
ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦩꦤ꧀ꦒꦤ꧀ ꦲꦺꦱ꧀ꦏ꧀ꦫꦶꦩꦺ ꦏꦤ꧀ꦠ꧀ꦲꦶ ꦭꦲꦥ꧀꧈ ꦤꦤ꧀ꦒꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦢ꧀ꦲꦺꦮꦺꦏꦺ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦩ꧀ꦧꦸꦮꦤ꧀ꦒ꧀ ꦧꦸꦤ꧀ꦒ꧀ꦏꦸꦱꦺ ꦱꦺꦩ꧀ꦧꦫꦤ꧀ꦒꦤ꧀ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦥꦶꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦶꦂ ꦢꦭꦤ꧀꧉
Kenzi mangan eskrime kanthi lahap, nanging dheweke banjur mbuwang bungkuse sembarangan ing pinggir dalan.
ꦆꦧꦸꦤꦺ ꦱꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦮꦺꦫꦸꦃ ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏꦺ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦭꦤ꧀ꦒ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦒ꧀ ꦩꦺꦤꦺꦲꦶ ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂ꧉
Ibune sing weruh tumindake Kenzi langsung menehi pitutur.
“ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦱꦩ꧀ꦥꦲꦺ ꦧꦸꦮꦤ꧀ꦒ꧀ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦥꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦺꦴꦤꦤꦺ꧈ ꦭꦺ꧈” ꦏꦤ꧀ꦢ꧀ꦲꦤꦺ ꦆꦧꦸ ꦏꦤ꧀ꦠ꧀ꦲꦶ ꦲꦭꦸꦱ꧀꧉
“Kenzi sampahe buang ing panggonane, Le,” kandhane Ibu kanthi alus.
“ꦧꦺꦤꦺꦂ꧈ ꦭꦺ꧉ ꦄꦮꦏꦺ ꦢ꧀ꦲꦺꦮꦺ ꦏꦸꦢꦸ ꦩ꧀ꦧꦸꦮꦤ꧀ꦒ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦥꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦺꦴꦤꦤꦺ ꦱꦸꦥꦪ ꦏꦺꦧꦸꦤ꧀ ꦧꦶꦤꦠꦤ꧀ꦒ꧀ ꦲꦶꦏꦶ ꦠꦺꦠꦺꦥ꧀ ꦫꦺꦱꦶꦏ꧀꧈” ꦲꦸꦗꦫꦺ ꦧꦥꦏ꧀꧉
“Bener, Le. Awake dhewe kudu mbuwang sampah ing panggonane supaya kebun binatang iki tetep resik,” ujare Bapak.
“ꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦶꦃ ꦥꦏ꧀꧈ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦩꦤ꧀ꦒꦺꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ ꦱꦻꦏꦶ꧈” ꦲꦸꦗꦫꦺ ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ꧉
“Nggih Pak, Kenzi mangertos saiki,” ujare Kenzi.
ꦏꦺꦤ꧀ꦗ꦳ꦶ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦧꦸꦮꦤ꧀ꦒ꧀ ꦧꦸꦤ꧀ꦒ꧀ꦏꦸꦱ꧀ ꦲꦺꦱ꧀ꦏ꧀ꦫꦶꦩꦺ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦧꦏ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ꧉
Kenzi banjur buang bungkus eskrime ing bak sampah.
ꦄꦩꦤꦠ꧀ ꦕꦺꦫꦶꦠ: ꦄꦮꦏꦺ ꦢ꧀ꦲꦺꦮꦺ ꦏꦸꦢꦸ ꦧꦸꦮꦤ꧀ꦒ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦲꦶꦤ꧀ꦒ꧀ ꦥꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦺꦴꦤꦤꦺ ꦱꦸꦥꦪ ꦭꦶꦤ꧀ꦒ꧀ꦏꦸꦤ꧀ꦒꦤ꧀ ꦠꦺꦠꦥ꧀ ꦫꦺꦱꦶꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦱꦺꦲꦠ꧀꧉
Amanat Cerita: Awake dhewe kudu buang sampah ing panggonane supaya lingkungan tetap resik lan sehat.

Posting Komentar