Prasangka Apik Kanggo Kanca

Daftar Isi

Judul :

 ꦥꦿꦱꦔ꧀ꦏ ꦲꦥꦶꦏ꧀ ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦏꦚ꧀ꦕ

Latin:

Prasangka Apik Kanggo Kanca.

ꦫꦏ : ꦭꦺꦴꦃ, ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ꦏꦸ ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦤ?

Latin:

Raka: Loh, kothak potlotku ora ana?

ꦫꦏ ꦩ꧀ꦧꦸꦏꦏ꧀ ꦠꦱ꧀ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃꦲꦺ, ꦤꦔꦶꦁ ꦢꦺꦮꦺꦏꦺ ꦲꦺꦴꦫ ꦤꦼꦩꦸꦏꦏꦺ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀

Latin : 

Raka mbukak tas sekolahe, nanging dheweke ora nemokake kothak potlot

ꦢꦺꦮꦺꦏꦺ ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏꦶ ꦆꦁ ꦚꦼꦫꦺꦴ ꦠꦱ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦕꦼꦝꦏ꧀ ꦩꦺꦗ, ꦤꦔꦶꦁ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ ꦏꦸꦮꦶ ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ ꦲꦺꦴꦫ ꦏꦼꦠꦼꦩꦸ

Latin:

Dheweke nggoleki ing njero tas lan cedhak meja, nanging kothak potlot kuwi tetep ora ketemu.

ꦫꦏ : ꦢꦶꦏ ꦔ꧀ꦒꦮ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ ꦏꦪ ꦏꦁ ꦢꦏ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶ

Latin:

Raka : Dika nggawa kothak potlot kaya kang dakduweni.

ꦫꦏ ꦮꦼꦫꦸꦃ ꦢꦶꦏ ꦭꦒꦶ ꦚꦺꦏꦼꦭ꧀ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ ꦮꦂꦤ ꦧꦶꦫꦸ. ꦫꦏ ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ ꦕꦸꦫꦶꦒ.

Latin:

Raka weruh Dika lagi nyekel kothak potlot warna biru. Raka wiwit curiga.

ꦫꦏ : ꦢꦶꦏ, ꦲꦥ ꦏꦺꦴꦲꦺ ꦚꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ꦏꦸ?

Latin:

Raka : Dika, apa koe njupuk kothak potlotku?

ꦫꦏ ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ ꦩꦫꦁ ꦢꦶꦏ ꦏꦁꦛꦶ ꦱꭀꦫ ꦱꦺꦫꦸ

Latin:

Raka takon marang Dika kanthi swara seru.

ꦢꦶꦏ : ꦲꦺꦴꦫ, ꦫꦏ꧀! ꦆꦏꦶ ꦠꦏ꧀ ꦒꦮ ꦱꦏ ꦲꦺꦴꦩꦃ. ꦲꦏꦸ ꦲꦺꦴꦫ ꦚꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ꦩꦸ.

Latin:

Dika : Ora, Rak! Iki tak gawa saka omah. Aku ora njupuk kothak potlotmu

ꦢꦶꦏ ꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦃ. ꦢꦺꦮꦺꦏꦺ ꦱꦼꦢꦶꦃ ꦭꦤ꧀ ꦩꦼꦫꦱ ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦢꦶꦭ꧀ ꦲꦩꦂꦒ ꦢꦶꦠꦸꦢꦸꦃ.

Latin:

Dika mbantah. Dheweke sedih lan merasa ora adil amarga dituduh.

ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ : ꦲꦤ ꦲꦥ ꦏꦺꦴꦏ꧀ ꦫꦩꦺ ꦧꦺꦴꦕꦃ-ꦧꦺꦴꦕꦃ?

Latin:

Bu Guru: Ana apa kok rame bocah-bocah?

ꦫꦏ : ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ꦏꦸ ꦆꦭꦁ, ꦧꦸ. ꦏꦪꦤꦺ ꦢꦶꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦢꦶꦏ.

Latin:

Raka: Kothak potlotku ilang, Bu. Kayane dijupuk Dika.

ꦫꦏ ꦕꦿꦶꦠ ꦩꦫꦁ ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦱꦫꦶ. ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦱꦫꦶ ꦤꦁꦒꦼꦥꦶ ꦏꦁꦛꦶ ꦠꦼꦤꦁ.

Latin:

Raka crita marang Bu Guru Sari. Bu Guru Sari nanggepi kanthi tenang.

ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ : ꦲꦗ ꦒꦩ꧀ꦥꦁ ꦤꦸꦢꦸꦃ ꦏꦚ꧀ꦕ ꦠꦤ꧀ꦥ ꦧꦸꦏ꧀ꦠꦶ. ꦲꦪꦺꦴ ꦒꦺꦴꦭꦺꦏꦶ ꦏꦫꦺꦴ-ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦁꦛꦶ ꦠꦼꦭꦶꦠꦶ.

Latin:

Bu Guru: Aja gampang nuduh kanca tanpa bukti. Ayo goleki karo-karo kanthi teliti.

ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦱꦫꦶ ꦩꦫꦶꦁꦒꦶ ꦥꦶꦮꦸꦭꦁ ꦭꦤ꧀ ꦔꦗꦏ꧀ ꦢꦺꦮꦺꦏꦺ ꦥꦝ ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏꦶ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ ꦏꦁꦛꦶ ꦧꦫꦺꦁ.

Latin:

Bu Guru Sari maringi piwulang lan ngajak dheweke padha nggoleki kothak potlot kanthi bareng.

ꦫꦏ ꦭꦤ꧀ ꦢꦶꦏ ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏꦶ ꦆꦁ ꦏꦼꦭꦱ꧀, ꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱ ꦩꦺꦗ, ꦠꦱ꧀, ꦭꦤ꧀ ꦫꦏ꧀ ꦧꦸꦏꦸ.

Latin:

Raka lan Dika nggoleki ing kelas, mriksa meja, tas, lan rak buku.

ꦫꦏ : ꦆꦏꦶ ꦢꦶꦪ! ꦲꦤ ꦆꦁ ꦱꦏꦸ ꦠꦱ꧀!

Latin:

Raka: Iki dia! Ana ing saku tas!

ꦥꦸꦁꦏꦱꦺ, ꦫꦏ ꦤꦼꦩꦸꦏꦏꦺ ꦏꦺꦴꦛꦏ꧀ ꦥꦺꦴꦠ꧀ꦭꦺꦴꦠ꧀ꦤꦺ ꦆꦁ ꦱꦏꦸ ꦠꦱ꧀ ꦱꦶꦱꦶꦃ ꦔꦫꦺꦥ꧀.

Latin:

Pungkase, Raka nemokake kothak potlotne ing saku tas sisih ngarep.

ꦫꦏ : ꦱꦼꦥꦸꦫꦤꦺ, ꦢꦶꦏ꧀. ꦲꦏꦸ ꦱꦭꦃ ꦤꦸꦢꦸꦃ ꦏꦺꦴꦲꦺ, ꦲꦏꦸ ꦲꦺꦴꦫ ꦠꦼꦭꦶꦠꦶ.

Latin:

Raka: Sepurane, Dik. Aku salah nuduh koe, aku ora teliti.

ꦫꦏ ꦚꦗꦭꦸꦏ꧀ ꦔꦥꦸꦫ ꦩꦫꦁ ꦢꦶꦏ ꦏꦁꦛꦶ ꦠꦸꦭꦸꦱ꧀.

Latin:

Raka njaluk ngapura marang Dika kanthi tulus.

ꦢꦶꦏ : ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦥ-ꦲꦥ, ꦫꦏ꧀. ꦱꦶꦁ ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁ ꦱꦏꦶꦏꦶ ꦮꦶꦱ꧀ ꦏꦼꦠꦼꦩꦸ.

Latin:

Dika: Ora apa-apa, Rak. Sing penting saiki wis ketemu.

ꦢꦶꦏ ꦔꦥꦸꦫ. ꦢꦺꦮꦺꦏꦺ ꦧꦚꦸꦂ ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ ꦩꦤꦺꦃ. ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦱꦫꦶ ꦧꦸꦔꦃ ꦤ꧀ꦢꦼꦭꦺꦁ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀.

Latin:

Dika ngapura. Dheweke banjur rukun maneh. Bu Guru Sari bungah ndeleng kancane rukun.



Posting Komentar