Sedekah Bumi ing Desa Dermolo
![]() |
| Ilustrasi Sedekah Bumi Desa Dermolo () |
ꦱꦼꦢꦼꦏꦃꦧꦸꦩꦶꦆꦁꦢꦺꦱꦢꦼꦂꦩꦺꦴꦭꦺꦴ
SEDEKAH BUMI ING DESA DERMOLO
꧋ꦢꦶꦤꦩꦶꦁꦒꦸꦌꦱꦸꦏ꧀꧈ꦢꦺꦱꦢꦼꦂꦩꦺꦴꦭꦺꦴꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦩꦺꦧꦁꦌꦠ꧀꧉
Dina Minggu esuk, Desa
Dermolo katon rame banget. Warga desa wis padha kumpul ing balai desa.
꧋ꦮꦂꦒꦢꦺꦱꦮꦶꦱ꧀ꦥꦞꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦆꦶꦧꦭꦆꦢꦺꦱ꧉
Warga desa wis padha kumpul
ing balai desa.
꧋ꦫꦫꦩꦼꦭꦸꦧꦥꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦤꦺꦩꦼꦚꦁꦧꦭꦆꦢꦺꦱ꧉
Rara melu bapak lan ibune
menyang balai desa.
꧋ꦝꦺꦮꦺꦏꦺꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀
ꦢꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦲꦕꦫꦱꦼꦢꦼꦏꦃꦧꦸꦩꦶ꧉
Dheweke kepengin delok
acara Sedekah Bumi.
꧋ꦫꦫꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂꦠꦏꦺꦴꦤ꧀
꧇ꦥꦏ꧀꧈ꦩꦼꦤꦥꦏꦺꦴꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦁ ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏ꧇꧉
Rara banjur takon “Pak,
menapa kok wonten kathah tumpeng kados menika?”.
꧋ꦧꦥꦏ꧀ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂꦗꦮꦧ꧀꧇ꦲꦶꦏꦶꦠꦤ꧀ꦛꦫꦱꦱꦸꦏꦸꦂꦮꦂꦒꦲꦩꦿꦒꦥꦤꦺꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦆꦏꦶꦲꦏꦺꦃꦭꦤ꧀ꦧꦼꦂꦏꦃ꧉
Bapak mesem banjur
jawab “Iki tandha rasa sukur warga amarga panen taun iki akeh lan berkah.”
꧋ꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦮꦺ꧈ꦲꦫꦏ꧀ꦲꦫꦏꦤ꧀ꦢꦶꦮꦶꦮꦶꦠꦶ꧉ꦮꦂꦒꦩ꧀ꦭꦏꦸꦧꦫꦼꦁꦔꦁꦒꦺꦴꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦶꦲꦢꦠ꧀ꦗꦮꦩꦼꦚꦁꦢꦸꦏꦸꦃꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀꧉
Ora suwe, arak-arakan diwiwiti. Warga mlaku bareng nganggo klambi adat Jawa
menyang Dukuh Punden.
꧋ꦲꦶꦁꦢꦸꦏꦸꦃꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤ꧀꧈ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦔꦤ꧀ꦢꦶꦱꦼꦭꦺꦲꦏꦺꦲꦶꦁꦥꦼꦤ꧀ꦝꦥ꧉ꦮꦂꦒꦥꦝꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦭꦤ꧀ꦩꦠꦸꦂꦱ꧀ꦪꦸꦏꦸꦂꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦭ꧀ꦭꦃ꧉
Ing Dukuh Punden, tumpengan diselehake ing pendhapa. Warga padha ndonga lan
matur syukur marang Gusti Allah.
꧋ꦱꦮꦶꦱꦺꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔ꧈ꦮꦂꦒꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂꦫꦼꦧꦸꦠꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦔꦤ꧀꧉ꦲꦕꦫꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦏꦺꦫꦺꦴꦪꦺꦴꦏꦤ꧀꧉
Sawise ndonga, warga
banjur rebutan isi tumpengan. Acara iki diarani keroyokan.
꧋꧇ꦲꦪꦺꦴꦫꦫ꧈ꦱꦲꦶꦏꦶꦩꦼꦚꦁꦥꦺꦱ꧀ꦠꦶꦥꦭ꧀ꦲꦶꦮꦏ꧀ꦲꦱꦥ꧀꧉
“Ayo Rara, Saiki kita menyang festival iwak asap.”
꧋ꦫꦫꦩꦔꦤ꧀ꦧꦫꦼꦁꦧꦥꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦤꦺꦏꦤ꧀ꦛꦶꦭꦲꦥ꧀꧉
Rara mangan bareng bapak
lan ibune kanthi lahap.
꧋ꦤꦭꦶꦏꦮꦼꦔꦶꦠꦼꦏ꧈ꦥꦒꦼꦭꦫꦤꦏꦼꦠꦺꦴꦥ꧀ꦫꦏ꧀ꦢꦶꦮꦶꦮꦶꦠꦶ꧉ꦮꦂꦒꦥꦝꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦤꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦼꦂꦠꦶꦧ꧀꧉
Nalika wengi teka,
pagelaran ketoprak diwiwiti. Warga
padha lungguh nonton kanthi tertib.
꧋ꦕ꧀ꦫꦶꦠꦏꦼꦠꦺꦴꦥ꧀ꦫꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶꦭꦸꦕꦸꦭꦤ꧀ꦚꦼꦤꦼꦁꦏꦺ꧉ꦫꦫꦒꦸꦪꦸꦧꦫꦼꦁꦧꦥꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦤꦺ꧉
Crita ketoprak kuwi lucu lan nyenengake. Rara guyu bareng
bapak lan ibu.
꧋ꦧꦥꦏ꧀ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂꦔꦺꦴꦩꦺꦴꦁ꧇ꦧꦸꦢꦪꦏꦪꦔꦺꦤꦺꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦗꦒꦱꦸꦥꦪꦲꦺꦴꦫꦲꦶꦭꦁ꧇꧉
Bapak banjur ngomong,
"Budaya kaya ngene kudu dijaga supaya ora ilang."
꧋꧇ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦏ꧀꧈ꦏꦸꦭꦈꦒꦶꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦩꦺꦭꦸꦗꦒꦧꦸꦢꦪꦢꦺꦱꦢꦼꦂꦩꦺꦴꦭꦺꦴ꧇꧉
“Inggih
Pak, Kula ugi kepengin
melu njaga budaya Desa Dermolo.”
꧋ꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦸꦒꦮꦺꦫꦫꦱꦼꦤꦼꦁꦧꦔꦼꦠ꧀꧉ꦱꦼꦢꦼꦏꦃꦧꦸꦩꦶꦩꦸꦭꦁꦫꦱꦱ꧀ꦪꦸꦏꦸꦂꦭꦤ꧀ꦠꦫꦺꦱ꧀ꦤꦩꦫꦁꦧꦸꦢꦪꦢꦄꦼꦱ꧉
Dina iku gawe Rara seneng banget. Sedekah Bumi mulang rasa syukur lan tresna marang budaya desa.
.png)
Posting Komentar