Sinau Bareng Nguber Prestasi

Daftar Isi
Ilustrasi bocah telu seneng sinau bareng

 ꦕꦿꦶꦠ ꦧꦫꦺꦁ ꦔꦸꦧꦼꦂ ꦥꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶ

Latin: Cerita Bareng Nguber Prestasi.

ꦆꦁ ꦱꦼꦮꦶꦗꦶꦤꦺꦁ ꦢꦺꦱ ꦏꦁ ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀, ꦲꦤ ꦱꦼꦮꦶꦗꦶꦤꦺꦁ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦢꦱꦂ ꦗꦼꦤꦼꦔꦺ SD ꦩꦗꦸ ꦧꦁꦱ. ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦏꦸꦮꦶ ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂ ꦲꦩꦂꦒ ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀-ꦩꦸꦫꦶꦢꦺ ꦱꦿꦼꦒꦼꦥ꧀ ꦱꦶꦤꦲꦸ, ꦢꦶꦱꦶꦥ꧀ꦭꦶꦤ꧀, ꦭꦤ꧀ ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦚ꧀ꦕ-ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ.

Latin: Ing sawijining desa kang tentrem, ana sawijining sekolah dasar jenenge SD Maju Bangsa. Sekolah kuwi misuwur amarga murid-muride sregep sinau, disiplin, lan rukun karo kanca-kancane.

ꦱꦸꦧ꧀ꦧꦧ꧀ ꦱꦶꦗꦶ, ꦥꦼꦔꦸꦩꦸꦩꦤ꧀ ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧ.

Latin: Subbab siji, Pengumuman Lomba.

ꦲꦼꦱꦸꦏ꧀ ꦏꦸꦮꦶ ꦱꭀꦱꦤ ꦏꦼꦭꦱ꧀ ꦭꦶꦩ ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦫꦩꦺ. ꦧꦺꦴꦕꦃ-ꦧꦺꦴꦕꦃ ꦥꦝ ꦔꦺꦴꦧꦿꦺꦴꦭ꧀ ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦚ꧀ꦕ-ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ ꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺ ꦥꦼꦭꦗꦫꦤ꧀ ꦢꦶꦮꦶꦮꦶꦠꦶ. ꦲꦤ ꦱꦶꦁ ꦩꦕ ꦧꦸꦏꦸ, ꦲꦤ ꦲꦸꦒ ꦱꦶꦁ ꦕꦿꦶꦠ ꦧꦧꦒꦤ꧀ ꦠꦸꦒꦱ꧀ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ. ꦏꦧꦺꦃ ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦱꦼꦤꦼꦁ.

Latin: Esuk kuwi swasana kelas lima katon rame. Bocah-bocah padha ngobrol karo kanca-kancane sadurunge pelajaran diwiwiti. Ana sing maca buku, ana uga sing crita babagan tugas sekolah. Kabeh katon semangat lan seneng.

ꦧꦒꦸꦱ꧀ : ꦏꦪꦤꦺ, ꦥꦏ꧀ ꦒꦸꦫꦸ ꦲꦫꦺꦥ꧀ ꦔꦸꦩꦸꦩꦏꦺ ꦱꦼꦮꦶꦗꦶꦤꦺꦁ ꦏꦧꦂ ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁ.

Latin: 

Bagus : Kayane, Pak Guru arep ngumumake sawijining kabar penting.

ꦥꦏ꧀ ꦒꦸꦫꦸ ꦧꦺꦤꦶ : “ꦧꦺꦴꦕꦃ-ꦧꦺꦴꦕꦃ, ꦩꦶꦁꦒꦸ ꦔꦫꦺꦥ꧀ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦏꦶꦠ ꦧꦏꦭ꧀ ꦩꦼꦭꦸ ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧ ꦕꦼꦂꦢꦱ꧀ ꦕꦼꦂꦩꦠ꧀ ꦲꦤ꧀ꦠꦂ ꦏꦼꦭꦱ꧀.”

Latin:
Pak Guru Beni: "Bocah-bocah, minggu ngarep sekolah kita bakal melu lomba cerdas cermat antar kelas."

ꦏꦿꦸꦔꦸ ꦥꦼꦔꦸꦩꦸꦩꦤ꧀ ꦏꦸꦮꦶ, ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀-ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ ꦭꦁꦱꦸꦁ ꦧꦸꦔꦃ. ꦤꦔꦶꦁ, ꦧꦒꦸꦱ꧀ ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦫꦢ ꦏꦸꦮꦠꦶꦂ ꦲꦩꦂꦒ ꦢꦺꦮꦺꦏꦺ ꦫꦸꦩꦁꦱ ꦢꦸꦫꦸꦁ ꦱꦶꦪꦥ꧀ ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧ ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀.

Latin:
Krungu pengumuman kuwi, murid-murid langsung bungah. Nanging, Bagus katon rada kuwatir amarga dheweke rumangsa durung siyap kanggo lomba kasebut.




video babagan 1


 video babagan 2

Posting Komentar