Sinau Berbagi Ing Dalan
| Ilustrasi Sinau Berbagi di Dalan (ChatGPT) |
ꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦼꦂꦧꦒꦶꦲꦶꦁꦢꦭꦤ꧀
Sinau Berbagi ing Dalan
ꦢꦶꦤꦩꦶꦁꦒꦸꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦯꦶꦁꦥꦝꦁ꧈ꦆꦤꦡꦤ꧀ꦭꦆꦧꦸꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦯꦶꦪꦥ꧀ꦯꦶꦪꦥ꧀ꦲꦫꦼꦥꦦꦭꦼꦱꦶꦂꦩꦼꦚꦁꦤꦺꦴꦪꦺꦴꦒꦶꦩꦨꦭ꧀
Dina
Minggu esuk sing padhang, Intan lan Ibune wis siyap-siyap arep plesir menyang
Noyo Gimbal.
ꦆꦧꦸ:ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦲꦪꦺꦴꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦁꦏꦠ꧀꧉ꦩꦺꦁꦏꦺꦴꦢꦭꦤꦺꦫꦩꦺ꧉
Ibu:
"Intan, ayo enggal mangkat. Mengko dalane rame."
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦆꦁꦒꦶꦃ꧈ꦧꦸꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦪꦥ꧀꧉
Intan:
"Inggih, Bu! Intan sampun siyap."
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦧꦸꦔꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦩꦂꦒꦶꦮꦶꦱ꧀ꦱꦸꦮꦺꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭꦺꦴꦏ꧀ꦥꦼꦩꦤ꧀ꦢꦔꦤ꧀ꦲꦱꦿꦶꦲꦶꦁꦟꦺꦴꦪꦺꦴꦓꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀꧉
Intan
katon bungah sanget amargi wis suwe kepengin dolan lan ndelok pemandangan asri
ing Noyo Gimbal.
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦮꦃ꧈ꦥꦺꦩꦤ꧀ꦢꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦱ꧀ꦠ꧀ꦲꦶꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦱꦔꦼꦠ꧀꧈ꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦶꦃꦧꦸ
Intan:
"Wah, pemandanganipun mesthi endah sanget, nggih Bu?"
ꦆꦧꦸ:ꦆꦁꦒꦶꦃ꧈ꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧉ꦩꦺꦁꦏꦺꦴꦏꦶꦠꦺꦴꦱꦒꦼꦠ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭꦼꦁꦠꦩꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦠꦸꦁꦟꦺꦴꦪꦺꦴꦓꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀꧉
Ibu: "Inggih, Nduk. Mengko kito saget ndeleng taman lan patung Noyo Gimbal."
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦄꦱ꧀ꦪꦶꦏ꧀ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦱꦧꦂ꧉
Intan:
"Asyik! Intan sampun boten sabar."
ꦤꦭꦶꦏꦥꦼꦂꦗꦭꦤꦤ꧀꧈ꦩꦺꦴꦠꦺꦴꦂꦱꦶꦁꦢꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦫꦻꦆꦧꦸꦩꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦄꦩꦂꦒꦭꦩ꧀ꦥꦸꦲꦧꦁꦲꦶꦁꦥꦿꦥꦠꦤ꧀ꦢꦭꦤ꧀꧉
Nalika
perjalanan, motor sing dikendarai Ibu mandheg amarga lampu abang ing prapatan
dalan.
ꦤꦭꦶꦏꦤ꧀ꦒꦺꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶꦭꦩ꧀ꦥꦸꦲꦶꦗꦺꦴ꧈ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦺꦫꦸꦃꦲꦤꦱꦶꦩ꧀ꦧꦃ ꦏꦏꦸꦁꦲꦁꦒꦮꦠꦺꦴꦁꦏꦠ꧀꧉ꦱꦶꦩ꧀ꦧꦃꦏꦸꦮꦶꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦪꦃꦭꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦭꦏꦸꦝꦶꦁꦭꦏꦝꦶꦁꦭꦸꦏ꧀꧉꧉
Nalika
ngenteni lampu ijo, Intan weruh ana simbah kakung nggawa tongkat. Simbah kuwi
katon sayah lan mlaku dhinglak-dhingluk.
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦧꦸ꧈ꦩꦺꦤꦶꦏꦱꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦩ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦤ꧀ꦒꦭ꧀ꦱꦪꦃ ꦱꦤ꧀ꦒꦺꦠ꧀
Intan:
"Bu, menika sinten? Kok mlampahipun katingal sayah sanget?"
ꦆꦧꦸ:ꦩꦺꦤꦶꦏꦱꦶꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦨꦼꦠꦲꦏꦺꦤꦦꦶꦠꦸꦭꦸꦤ꧀ꦒꦤ꧀꧈ꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧉
Ibu:
"Menika simbah ingkang mbetahaken pitulungan, Nduk."
ꦱꦶꦩ꧀ꦧꦃꦏꦸꦮꦶꦤ꧀ꦪꦢ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦒꦏꦺꦠꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠ꧀ꦲꦶꦠꦸꦭꦸꦱ꧀꧈ꦤ꧀ꦒꦫꦺꦥꦏꦺꦏꦮꦺꦭꦱꦤ꧀ꦱꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒ꧀ꦱꦶꦁꦭꦶꦮꦠ꧀꧉
Simbah
kuwi nyadhongake tangan kanthi tulus, ngarepake kawelasan saka wong-wong sing
liwat.
ꦆꦧꦸꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂꦤ꧀ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦢ꧀ꦲꦸꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏꦱꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦮꦺꦤꦺꦲꦏꦺꦤ꧀ꦩꦫꦁꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦸꦥꦪꦢꦶꦲꦸꦭꦸꦫꦏꦺꦩꦫꦁꦯꦶꦩ꧀ꦧꦃꦩꦈ꧉
Ibu
banjur njupuk dhuwit saka sak lan diwenehaken marang Intan supaya diulurake
marang simbah mau.
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦤꦶꦏꦶꦩ꧀ꦧꦃ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦫꦺꦗꦺꦏꦶꦱꦺꦏꦺꦢ꧀ꦲꦶꦏ꧀꧉ꦩꦸꦒꦶꦱꦒꦺꦢ꧀ꦩꦶꦒꦸꦤꦤꦶ꧉
Intan:
"Niki Mbah, wonten rejeki sekedhik. Mugi saged migunani."
ꦱꦶꦩ꧀ꦧꦃ:ꦩꦠꦸꦂꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦒꦺꦠ꧀꧈ꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧉ꦩꦸꦒꦶꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦫꦶꦤ꧀ꦒꦶꦧꦺꦂꦏꦃ꧉
Simbah:
"Matur nuwun sanget, nduk. Mugi Gusti Allah maringi
berkah."
ꦱꦮꦶꦱꦺꦏꦸꦮꦶ꧈ꦆꦧꦸꦥꦫꦶꦁꦦꦶꦮꦸꦭꦁꦩꦫꦁꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦧꦒꦤ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦒꦺꦧꦺꦂꦧꦒꦶꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦏꦼꦏꦸꦫꦔꦤ꧀꧉
Sawise kuwi, Ibu paring
piwulang marang Intan babagan pentinge berbagi marang wong sing kekurangan.
ꦆꦧꦸ:ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦩ꧀ꦧꦒꦶꦫꦺꦗꦺꦏꦶꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦱꦶꦁ ꦲꦩꦨꦼꦠꦲꦏꦺꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦸꦭ꧀ꦪ꧉
Ibu: "Intan, mbagi rejeki
marang wong sing mbetahaken kuwi tumindak mulya."
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦆꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦶꦃ꧈ꦧꦸ꧉ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦒꦺꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦺꦤꦮꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦸꦁꦏꦸꦮꦶꦥꦺꦤ꧀ꦠꦶꦁ꧉
Intan: "Inggih, Bu. Intan
dados mangertos menawi tulung-tinulung kuwi penting."
ꦆꦧꦸ:ꦭꦺꦫꦺꦱ꧀꧈ꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧉ꦩꦺꦤꦮꦶꦱꦺꦤꦺꦤꦺꦁꦧꦼꦂꦧꦒꦶ꧈ ꦲꦠꦶꦏꦶꦠꦲꦸꦒꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦤꦠꦽꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦪꦺꦩ꧀꧉
Ibu: "Leres, Nduk. Menawi
seneng berbagi, ati kita ugi dados tentrem lan ayem."
ꦆꦤ꧀ꦠꦔꦿꦱꦱꦺꦤꦺꦤꦺꦁꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦩꦂꦒꦢꦶꦤꦲꦶꦏꦸꦲꦺꦴꦫꦩꦸꦁꦧꦶꦱꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦩꦼꦚꦁꦤꦺꦴꦪꦺꦴꦒꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀꧈ꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦧꦒꦤ꧀ꦮꦺꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃꦩꦫꦁꦱꦼꦱꦩ꧉
Intan ngrasa seneng banget
amarga dina iku ora mung bisa dolan menyang Noyo Gimbal, nanging uga sinau
babagan welas asih marang sesama.
ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀:ꦧꦸ꧈ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦩꦺꦤꦶꦏꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦫꦺꦩꦺꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦒꦺꦠ꧀꧉ꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦒꦺꦢ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦤꦻꦴꦧꦺꦂꦧꦒꦶ꧉
Intan: "Bu, dinten menika
Intan remen sanget. Intan saged dolan lan sinau berbagi."
ꦆꦧꦸ:ꦄꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦢꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦃ꧉ꦩꦸꦒꦶꦆꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦕꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦭꦸꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦸꦁ꧉
Ibu: "Alhamdulillah. Mugi
Intan tansah dados bocah ingkang seneng tulung-tinulung."
ꦥꦺꦱꦺꦤ꧀ꦩꦺꦴꦫꦭ꧀:
Pesen Moral:
ꦩ꧀ꦧꦒꦶꦫꦺꦗꦺꦏꦶꦩꦫꦁꦮꦺꦴꦔꦱ꧀ꦏꦶꦁꦏꦼꦸꦫꦔꦤ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦸꦭ꧀ꦪꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦲꦁꦒꦮꦏꦧꦸꦤ꧀ꦒꦲꦤ꧀ꦏꦁꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦭꦤ꧀ꦲꦁꦒꦮꦺꦲꦠꦶꦢꦢꦶꦲꦪꦺꦩ꧀꧉
Mbagi rejeki marang wong sing kekurangan
minangka tumindak mulya sing bisa nggawa kabungahan kanggo wong liya lan nggawe
ati dadi ayem.
Posting Komentar