Siti Sinau Jujur
SITI SINAU JUJUR
Crita Basa Jawa
Kanggo Siswa Kelas II SD
Panulis Nabella Anindya Rizki
ꦱꦶꦠꦶ ꦱꦶꦤꦲꦸ ꦗꦸꦗꦸꦂ
ꦕꦿꦶꦠ ꦧꦱ ꦗꦮ
ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦱꦶꦱ꧀ꦮ ꦏꦼꦭꦱ꧀ II SD
ꦥꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ : ꦤꦧꦺꦭ꧀ꦭ ꦲꦤꦶꦤ꧀ꦢꦾ ꦫꦶꦗ꧀ꦏꦶ
Siti bocah wadon sing apik lan pinter.
Dheweke sekolah ing kelas II SD.
Saben dina Siti sinau kanthi semangat lan sregep.
ꦱꦶꦠꦶ ꦧꦺꦴꦕꦃ ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ ꦱꦶꦁ ꦲꦥꦶꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ.
ꦝꦺꦮꦺꦏꦺ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦆꦁ ꦏꦼꦭꦱ꧀ II SD.
ꦱꦶꦠꦶ ꦱꦧꦺꦤ꧀ ꦢꦶꦤ ꦱꦶꦤꦲꦸ ꦏꦤ꧀ꦛꦶ ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦱꦿꦼꦒꦼꦥ꧀.
Esuk-esuk Siti pamit marang ibu sadurunge mangkat sekolah.
Ibu tansah ndongakake supaya Siti dadi bocah sing pinter lan jujur.
ꦌꦱꦸꦏ꧀-ꦌꦱꦸꦏ꧀ ꦱꦶꦠꦶ ꦥꦩꦶꦠ꧀ ꦩꦫꦁ ꦆꦧꦸ ꦱꦢꦸꦫꦸꦔꦺ ꦩꦁꦏꦠ꧀ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ.
ꦆꦧꦸ ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁꦒꦏꦏꦺ ꦱꦸꦥꦪ ꦱꦶꦠꦶ ꦢꦢꦶ ꦧꦺꦴꦕꦃ ꦱꦶꦁ ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ ꦭꦤ꧀ ꦗꦸꦗꦸꦂ.
Ing sekolah, Siti tansah mirengake panjelasan Bu Guru.
Siti seneng sinau bareng karo kanca-kancane.
ꦆꦁ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦱꦶꦠꦶ ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦩꦶꦫꦼꦔꦏꦏꦺ ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦭꦱꦤ꧀ ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ.
ꦱꦶꦠꦶ ꦱꦼꦤꦼꦁ ꦱꦶꦤꦲꦸ ꦧꦫꦼꦁ ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦚ꧀ꦕ-ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ.
Nalika mulih sekolah, Siti nemokake dompet ing pinggir dalan.
Siti mikir sapa sing kelangan dompet kuwi.
ꦤꦭꦶꦏ ꦩꦸꦭꦶꦃ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦱꦶꦠꦶ ꦤꦼꦩꦺꦴꦏꦏꦺ ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦠ꧀ ꦆꦁ ꦥꦶꦁꦒꦶꦂ ꦢꦭꦤ꧀.
ꦱꦶꦠꦶ ꦩꦶꦏꦶꦂ ꦱꦥ ꦱꦶꦁ ꦏꦼꦭꦔꦤ꧀ ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦠ꧀ ꦏꦸꦮꦶ.
Siti langsung nggawa dompet kuwi menyang Bu Guru.
Bu Guru matur nuwun amarga Siti wis tumindak jujur.
ꦱꦶꦠꦶ ꦭꦁꦱꦸꦁ ꦔ꧀ꦒꦮ ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦠ꧀ ꦏꦸꦮꦶ ꦩꦼꦚꦁ ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ.
ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦩꦠꦸꦂ ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ ꦲꦩꦂꦒ ꦱꦶꦠꦶ ꦮꦶꦱ꧀ ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ ꦗꦸꦗꦸꦂ.
Bu Guru muji Siti ing ngarep kelas.
Kanca-kanca padha tepuk tangan.
Siti rumangsa bungah.
ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦩꦸꦗꦶ ꦱꦶꦠꦶ ꦆꦁ ꦔꦫꦼꦥ꧀ ꦏꦼꦭꦱ꧀.
ꦏꦚ꧀ꦕ-ꦏꦚ꧀ꦕ ꦥꦢ ꦠꦼꦥꦸꦏ꧀ ꦠꦔꦤ꧀.
ꦱꦶꦠꦶ ꦫꦸꦩꦁꦱ ꦧꦸꦔꦃ.
Bu Guru menehi pitutur.
"Jujur iku nggawe urip luwih tentrem."
Siti janji bakal tansah jujur.
ꦧꦸ ꦒꦸꦫꦸ ꦔꦼꦤꦺꦲꦶ ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂ.
"ꦗꦸꦗꦸꦂ ꦆꦏꦸ ꦔꦒꦮꦺ ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ ꦭꦸꦮꦶꦃ ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀."
ꦱꦶꦠꦶ ꦗꦤ꧀ꦗꦶ ꦧꦏꦭ꧀ ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦗꦸꦗꦸꦂ.
Siti dadi tuladha kanggo kanca-kancane.
Kabeh seneng amarga tumindak jujure.
ꦱꦶꦠꦶ ꦢꦢꦶ ꦠꦸꦭꦢ ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦏꦚ꧀ꦕ-ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ.
ꦏꦧꦺꦃ ꦱꦼꦤꦼꦁ ꦲꦩꦂꦒ ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ ꦗꦸꦗꦸꦫꦺ.
Pesen Crita
Jujur iku sipat kang apik.
Wong sing jujur bakal dipercaya wong liya.
Ayo tansah jujur ing ngendi wae lan kapan wae.
ꦥꦺꦱꦺꦤ꧀ ꦕꦿꦶꦠ
ꦗꦸꦗꦸꦂ ꦆꦏꦸ ꦱꦶꦥꦠ꧀ ꦏꦁ ꦲꦥꦶꦏ꧀.
ꦮꦺꦴꦁ ꦱꦶꦁ ꦗꦸꦗꦸꦂ ꦧꦏꦭ꧀ ꦢꦶꦥꦼꦂꦕꦪ ꦮꦺꦴꦁ ꦭꦶꦪ.
ꦲꦪꦺꦴ ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦗꦸꦗꦸꦂ ꦆꦁ ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦶ ꦮꦺ ꦭꦤ꧀ ꦏꦥꦤ꧀ ꦮꦺ.

Posting Komentar