Arya Sinau Numpak Transportasi Umum

Daftar Isi

 Arya Sinau Numpak Transportasi Umum


Vanyadifa Brillianesti Zamzami


2301050339/Rombel G


Ing sawijining dina, Arya karo bapak lan ibune arep lunga menyang Ambarawa numpak sepur. Kanggo menyang stasiun, dheweke arep numpak motor. Nanging, sawise tekan garasi, jebul ban motore gempes.


Banjur, bapake Arya nduwe ide supaya lunga numpak bis wae. Nanging Arya rada ragu, apa isa tekan stasiun pas wektu yen numpak bis. Nanging Arya setuju karena manut karo bapak ibune.


Bariku, Arya, ibu, lan bapake ngenteni bis ing halte nggo menyang Stasiun . Ing njero bis, Arya weruh pemandangan kutha sing rame banget.


Ora suwe, dheweke tekan stasiun kanthi slamet. Banjur, dheweke numpak sepur Ambarawa Ekspres pas wektu lan budhal menyang Ambarawa. Kanca-kanca ojo ragu numpak transportasi umum uga cepet lan ramah lingkungan 

ꦄꦫ꧀ꦪ ꦱꦶꦤꦲꦸ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦠꦿꦤ꧀ꦱ꧀ꦥꦺꦴꦂꦠꦱꦶ ꦈꦩꦸꦩ꧀




ꦆꦁ ꦱꦼꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁ ꦢꦶꦤ, ꦄꦫ꧀ꦪ ꦏꦫꦺꦴ ꦧꦥꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦆꦧꦸꦤꦺ ꦄꦫꦺꦥ꧀ ꦭꦸꦔ ꦚꦼꦔ꧀ ꦄꦩ꧀ꦧꦫꦮ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦱꦼꦥꦸꦂ. ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦚꦼꦔ꧀ ꦱ꧀ꦠꦱꦶꦲꦸꦤ꧀, ꦢꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺ ꦄꦫꦺꦥ꧀ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦩꦺꦴꦠꦺꦂ. ꦤꦔꦶꦁ, ꦱꦮꦶꦱꦺ ꦠꦺꦏꦤ꧀ ꦒꦫꦱꦶ, ꦗꦺꦧꦸꦭ꧀ ꦧꦤ꧀ ꦩꦺꦴꦠꦺꦴꦫꦺ ꦒꦼꦩ꧀ꦥꦺꦱ꧀.


ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ, ꦧꦥꦏꦺ ꦄꦫ꧀ꦪ ꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺ ꦆꦢꦺ ꦱꦸꦥꦪ ꦭꦸꦔ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦧꦶꦱ꧀ ꦮꦺ. ꦤꦔꦶꦁ ꦄꦫ꧀ꦪ ꦫꦢ ꦫꦒꦸ, ꦄꦥ ꦆꦱ ꦠꦺꦏꦤ꧀ ꦱ꧀ꦠꦱꦶꦲꦸꦤ꧀ ꦥꦱ꧀ ꦮꦏ꧀ꦠꦸ ꦪꦺꦤ꧀ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦧꦶꦱ꧀. ꦤꦔꦶꦁ ꦄꦫ꧀ꦪ ꦱꦼꦠꦸꦗꦸ ꦏꦫꦼꦤ ꦩꦤꦸꦠ꧀ ꦏꦫꦺꦴ ꦧꦥꦏ꧀ ꦆꦧꦸꦤꦺ.


ꦧꦫꦶꦏꦸ, ꦄꦫ꧀ꦪ, ꦆꦧꦸ, ꦭꦤ꧀ ꦧꦥꦏꦺ ꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤꦶ ꦧꦶꦱ꧀


 ꦆꦁ ꦲꦭ꧀ꦠꦺ ꦔ꧀ꦒꦺꦴ ꦚꦼꦔ꧀ ꦱ꧀ꦠꦱꦶꦲꦸꦤ꧀. ꦆꦁ ꦗꦼꦫꦺꦴ ꦧꦶꦱ꧀, ꦄꦫ꧀ꦪ ꦮꦼꦫꦸꦃ ꦥꦩꦤ꧀ꦢꦔꦤ꧀ ꦏꦸꦛ ꦱꦶꦁ ꦫꦩꦺ ꦧꦔꦺꦠ꧀.


ꦎꦫ ꦱꦸꦮꦺ, ꦢꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺ ꦠꦺꦏꦤ꧀ ꦱ꧀ꦠꦱꦶꦲꦸꦤ꧀ ꦏꦁꦒꦶꦃ ꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀. ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ, ꦢꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦱꦼꦥꦸꦂ ꦄꦩ꧀ꦧꦫꦮ ꦌꦏ꧀ꦱ꧀ꦥꦿꦺꦱ꧀ ꦥꦱ꧀ ꦮꦏ꧀ꦠꦸ ꦭꦤ꧀ ꦧꦸꦢꦭ꧀ ꦚꦼꦔ꧀ ꦄꦩ꧀ꦧꦫꦮ. ꦏꦚ꧀ꦕ-ꦏꦚ꧀ꦕ ꦎꦗꦺꦴ ꦫꦒꦸ ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ ꦠꦿꦤ꧀ꦱ꧀ꦥꦺꦴꦂꦠꦱꦶ ꦈꦩꦸꦩ꧀ ꦲꦸꦒ ꦕꦼꦥꦼꦠ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦫꦩꦃ ꦭꦶꦁꦏꦸꦔꦤ꧀.




Posting Komentar