Bumiku Sing Asri

Daftar Isi

 

Arya, Andra, Nara, Luna lan Bu Anna

ꦧꦸꦩꦶꦏꦸꦱꦶꦁꦲꦱꦿꦶ
Bumiku sing asri

ꦲꦂꦪ, ꦲꦤ꧀ꦢꦿ, ꦤꦫ ꦭꦤ꧀ ꦭꦸꦤ, ꦭꦒꦶ ꦥꦢ ꦔꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦏꦏꦺ ꦥꦥꦤ꧀ ꦥꦁꦒꦺꦴꦤꦤꦺ ꦲꦶꦁ ꦧꦸꦩꦶ
Arya, Andra, Nara lan Luna, lagi padha ngomongake papan panggonane ing bumi

ꦤꦔꦶꦁ ꦝꦺꦮꦺꦏꦺ ꦥꦢ ꦧꦶꦔꦸꦁ, ꦲꦩꦂꦒ ꦢꦸꦫꦸꦁ ꦠꦲꦸ ꦮꦼꦫꦸꦃ ꦧꦸꦩꦶꦏꦸ ꦮꦶ ꦮꦸꦗꦸꦢꦺ ꦏꦪ ꦲꦥ
Nanging dheweke padha bingung, amarga durung ngerti weruh bumi kuwi wujude kaya apa

ꦲꦂꦪ ꦭꦤ꧀ ꦫꦼꦤ꧀ꦕꦁ-ꦫꦼꦤ꧀ꦕꦁ ꦥꦢ ꦔꦺꦴꦩꦺꦴꦁ ꦩꦫꦁ ꦧꦸ ꦲꦤ꧀ꦤ
Arya lan rencang-rencange padha ngomong marang Bu Anna

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ ꦧꦸ ꦲꦤ꧀ꦤ ꦤꦸꦢꦸꦲꦏꦺ ꦥꦺꦴꦱꦶꦱꦶ ꦧꦸꦩꦶ ꦔꦁꦒꦺꦴ ꦥꦿꦺꦴꦪꦺꦏ꧀ꦠꦺꦂ
Banjur Bu Anna nuduhake posisi bumi nganggo proyektor

 

ꦧꦸꦲꦤ꧀ꦤ ꦤꦼꦫꦁꦏꦏꦺ ꦩꦼꦤꦮꦶ ꦥꦺꦴꦱꦶꦱꦶ ꦧꦸꦩꦶ ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦲꦸꦫꦸꦠꦤ꧀ ꦥ꧀ꦭꦤꦺꦠ꧀ ꦤꦺꦴꦩꦼꦂ ꦠꦼꦭꦸ ꦱꦏ ꦱꦿꦼꦔꦼꦔꦺ ꦲꦶꦁ ꦠꦠ ꦱꦸꦂꦪ
Bu Anna nerangake menawa posisi bumi ana ing urutan planet nomer telu saka srengenge ing tata surya

ꦭꦸꦤ ꦩꦗꦸ ꦲꦶꦁ ꦔꦫꦺꦥ꧀ ꦏꦁꦒꦺꦴ ꦤꦸꦢꦸꦲꦏꦺ ꦥ꧀ꦭꦤꦺꦠ꧀ ꦧꦸꦩꦶ
Luna maju ing ngarep kanggo nuduhake planet bumi

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ ꦧꦸ ꦲꦤ꧀ꦤ ꦤꦼꦫꦁꦏꦏꦺ ꦩꦼꦤꦮꦶ ꦧꦸꦩꦶ ꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺ ꦤꦶ ꦱꦠꦼꦭꦶꦠ꧀ ꦱꦶꦁ ꦗꦼꦤꦼꦔꦺ ꦧꦸꦭꦤ꧀
Banjur Bu Anna nerangake menawa bumi nduweni satelit sing jenenge bulan

ꦲꦤ꧀ꦢꦿ ꦥꦼꦤꦱꦫꦤ꧀ ꦔꦥ ꦭꦤ ꦭꦶꦏ ꦲꦮꦤ꧀ ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦤ ꦧꦸꦭꦤ꧀, ꦭꦤ꧀ ꦭꦤ ꦭꦶꦏ ꦧꦼꦔꦶ ꦲꦺꦴꦫ ꦲꦤ ꦱꦿꦼꦔꦼꦔꦺ
Andra penasaran ngapa nalika awan ora ana bulan, lan nalika wengi ora ana srengenge

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ ꦧꦸ ꦲꦤ꧀ꦤ ꦤꦼꦫꦁꦏꦏꦺ ꦩꦼꦤꦮꦶ ꦧꦸꦩꦶ ꦱꦶꦁ ꦏꦼꦤ ꦱꦿꦼꦔꦼꦔꦺ, ꦏꦸꦮꦶ ꦢꦢꦶ ꦲꦮꦤ꧀ ꦲꦶꦁ ꦢꦲꦺꦫꦃ ꦏꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀
Banjur Bu Anna nerangake menawa bumi sing kena srengenge, kuwi dadi awan ing daerah kasebut

ꦢꦺꦤꦺ ꦱꦶꦁ ꦲꦺꦴꦫ ꦏꦼꦤ ꦱꦿꦼꦔꦼꦔꦺ ꦢꦢꦶ ꦮꦼꦔꦶ ꦭꦤ꧀ ꦲꦤ ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦺ
Dene sing ora kena srengenge dadi wengi lan ana bulane

 

ꦧꦸꦲꦤ꧀ꦤ ꦤꦸꦢꦸꦲꦏꦺ ꦏꦲꦤꦤ꧀ ꦧꦸꦩꦶ ꦱꦶꦁ ꦏꦼꦫꦼꦥ꧀ ꦧꦚ꧀ꦗꦶꦂ, ꦲꦩꦂꦒ ꦧꦸꦮꦁ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦫꦔꦤ꧀
Bu Anna nuduhake kahanan bumi sing kerep banjir, amarga mbuwang sampah sembarangan

ꦲꦂꦪ ꦩꦗꦸ ꦗꦼꦭꦱ꧀ꦏꦏꦺ ꦩꦼꦤꦮꦶ ꦧꦸꦮꦁ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦏꦸꦢꦸ ꦲꦶꦁ ꦠꦼꦩ꧀ꦥꦠꦺ, ꦱꦸꦥꦪ ꦲꦺꦴꦫ ꦧꦚ꧀ꦗꦶꦂ
Arya maju njelasake menawa mbuwang sampah kudu ing panggonane, supaya ora banjir

ꦧꦸꦲꦤ꧀ꦤ ꦭꦤ꧀ ꦧꦺꦴꦕꦃ-ꦧꦺꦴꦕꦃ ꦭꦸꦔꦤꦼꦤ꧀ ꦪꦁ ꦲꦭꦩꦤ꧀ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ, ꦤꦔꦶꦁ ꦲꦱꦶꦃ ꦲꦤ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦱꦶꦁ ꦲꦺꦴꦫ ꦢꦶꦧꦸꦮꦁ ꦲꦶꦁ ꦥꦁꦒꦺꦴꦤꦤꦺ
Bu Anna lan bocah-bocah lunga ndeleng lingkungan sekolah, nanging isih ana sampah sing ora dibuwang ing panggonane

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ ꦲꦂꦪ, ꦲꦤ꧀ꦢꦿ, ꦤꦫ ꦭꦤ꧀ ꦭꦸꦤ ꦥꦢ ꦚ꧀ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦏꦸꦮꦶ, ꦭꦤ꧀ ꦢꦶꦧꦸꦮꦁ ꦲꦶꦁ ꦠꦼꦩ꧀ꦥꦠ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ
Banjur Arya, Andra, Nara lan Luna padha njupuk sampah kuwi, lan dibuwang ing tempat sampah

ꦲꦂꦪ, ꦲꦤ꧀ꦢꦿ, ꦤꦫ ꦭꦤ꧀ ꦭꦸꦤ, ꦥꦢ ꦩꦸꦭꦶꦃ ꦧꦼꦧꦫꦼꦔꦤ꧀
Arya, Andra, Nara lan Luna padha mulih bebarengan

ꦤꦔꦶꦁ ꦮꦏ꧀ꦠꦸ ꦲꦤ ꦲꦶꦁ ꦢꦭꦤ꧀, ꦝꦺꦮꦺꦏꦺ ꦮꦼꦫꦸꦃ ꦱꦼꦭꦺꦴꦏꦤ꧀ ꦱꦶꦁ ꦏꦼꦧꦏ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ
Nanging wektu ana ing dalan, dheweke weruh selokan sing kebak sampah

ꦲꦂꦪ ꦭꦤ꧀ ꦫꦼꦤ꧀ꦕꦁ-ꦫꦼꦤ꧀ꦕꦁ ꦲꦺꦴꦫ ꦩꦸꦁ ꦩꦼꦤꦼꦁ ꦮꦺ, ꦤꦔꦶꦁ ꦚ꧀ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ ꦱꦶꦁ ꦧꦼꦂꦱꦼꦫꦏꦤ꧀. ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ ꦢꦶꦧꦸꦮꦁ ꦩꦼꦚꦁ ꦠꦼꦩ꧀ꦥꦠ꧀ ꦱꦩ꧀ꦥꦃ
Arya lan rencang-rencange ora mung meneng wae, nanging njupuk sampah sing berserakan. Banjur dibuwang menyang tempat sampah

ꦲꦩꦂꦒ ꦠꦼꦩ꧀ꦥꦠ꧀ ꦏꦸꦮꦶ ꦮꦶꦱ꧀ ꦫꦼꦱꦶꦏ꧀, ꦝꦺꦮꦺꦏꦺ ꦥꦢ ꦩꦸꦭꦶꦃ ꦲꦶꦁ ꦲꦺꦴꦩꦲꦺ ꦝꦺꦮꦺ-ꦝꦺꦮꦺ
Amarga tempat kuwi wis resik, dheweke padha mulih ing omahe dhewe-dhewe



Posting Komentar