Ceca Dolan Menyang Kota Lama Semarang
ꦢꦶꦤ ꦱꦼꦠꦸ ꦲꦼꦱꦸꦏ꧀, ꦕꦼꦕ
ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀
ꦱꦼꦤꦼꦁ
ꦧꦔꦼꦠ꧀.
ꦕꦼꦕ
ꦮꦶꦱ꧀
ꦢꦤ꧀ꦢꦤ꧀
ꦫꦥꦶ
ꦲꦩꦫ꧀ꦒ
ꦲꦫꦼꦥ꧀
ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀
ꦩꦼꦚꦁ
ꦏꦺꦴꦠ
ꦭꦩ
ꦱꦼꦩꦫꦁ
ꦏꦫꦺꦴ
ꦲꦪꦲ꧀.
Dina Setu esuk, Ceca katon seneng banget. Ceca wis dandan rapi amarga arep dolan menyang Kota Lama Semarang karo ayah.
ꦕꦼꦕ = ꦪꦲ꧀, ꦲꦪꦺꦴ
ꦕꦼꦥꦼꦠꦤ꧀
ꦧꦸꦝꦭ꧀!
ꦲꦸꦗꦫꦼ
ꦕꦼꦕ
ꦏꦫꦺꦴ
ꦩꦼꦱꦼꦩ꧀.
ceca = “Yah, ayo cepetan budhal!” ujare Ceca karo mesem.
ꦲꦪꦲ꧀= ꦲꦶꦪꦺꦴ, ꦕꦼꦕ. ꦤꦔꦶꦁ ꦲꦗ ꦭꦭꦶ ꦱꦫꦥꦤ꧀ ꦢꦶꦱꦶꦏ꧀.
Ayah = “Iyo, Ceca. Nanging aja lali sarapan disik.”
ꦱꦮꦶꦱꦼ ꦱꦫꦥꦤ꧀, ꦕꦼꦕ
ꦭꦤ꧀
ꦲꦪꦃ
ꦩꦤ꧀ꦒ꧀ꦏꦠ꧀
ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀
ꦩꦺꦴꦠꦺꦴꦫ꧀.
ꦲꦶꦁ
ꦢꦭꦤ꧀,
ꦕꦼꦕ
ꦮꦼꦫꦸꦃ
ꦲꦏꦼꦃ
ꦩꦺꦴꦧꦶꦭ꧀
ꦭꦤ꧀
ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒ꧀-ꦮꦺꦴꦁ
ꦱꦶꦁ
ꦥꦝ
ꦩ꧀ꦭꦏꦸ-ꦩ꧀ꦭꦏꦸ.
Sawise sarapan, Ceca lan ayah mangkat numpak motor. Ing dalan, Ceca weruh akeh mobil lan wong-wong sing padha mlaku-mlaku.
ꦲꦺꦴꦫ ꦱꦸꦮꦼ, ꦝꦼꦮꦼꦏꦼ
ꦠꦼꦏꦤ꧀
ꦲꦶꦁ
ꦏꦺꦴꦠ
ꦭꦩ
ꦱꦼꦩꦫꦤ꧀ꦒ꧀.
ꦲꦶꦁ
ꦏꦤ
ꦲꦤ
ꦲꦏꦼꦃ
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀
ꦭꦮꦱ꧀
ꦱꦶꦁ
ꦒꦼꦝꦼ
ꦭꦤ꧀
ꦲꦥꦶꦏ꧀.
ꦕꦼꦕ= ꦮꦲ꧀, ꦪꦲ꧀!
ꦧꦔꦸꦤꦤꦼ
ꦲꦥꦶꦏ꧀-ꦲꦥꦶꦏ꧀
ꦧꦔꦼꦠ꧀,
ꦲꦸꦗꦫꦼ
ꦕꦼꦕ
ꦏꦒꦸꦩ꧀.
ceca = “Wah, Yah! Bangunane apik-apik banget,” ujare Ceca kagum.
ꦲꦪꦃ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦤꦼꦫꦔꦏꦼ, ꦕꦼꦕ,
ꦲꦶꦏꦶ
ꦗꦼꦤꦼꦔꦼ
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀
ꦧꦼꦫ꧀ꦱꦼꦗꦫꦲ꧀.
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀
ꦲꦶꦏꦶ
ꦮꦶꦱ꧀
ꦲꦤ
ꦱꦏ
ꦗꦩꦤ꧀
ꦧꦶꦪꦼꦤ꧀
ꦭꦤ꧀
ꦏꦸꦢꦸ
ꦢꦶꦗꦒ.
ꦕꦼꦕ
ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ
ꦚꦮꦁ
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀
ꦒꦼꦝꦼ
ꦱꦶꦁ
ꦲꦤ
ꦭꦮꦁ
ꦭꦤ꧀
ꦗꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭꦤꦼ
ꦝꦸꦮꦸꦫ꧀-ꦝꦸꦮꦸꦫ꧀.
Ayah banjur nerangake, “Ceca, iki jenenge bangunan bersejarah. Bangunan iki wis ana saka jaman biyen lan kudu dijaga.”
Ceca banjur nyawang bangunan gedhe sing ana lawang lan jendelane dhuwur-dhuwur.
ꦕꦼꦕ= ꦲꦪꦲ꧀, ꦲꦶꦏꦶ
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀
ꦲꦥ?
ꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤꦼ
ꦕꦼꦕ.
ceca = “Ayah, iki bangunan apa?” pitakone Ceca.
ꦲꦪꦃ= ꦲꦶꦏꦶ ꦒꦼꦫꦼꦗ ꦧ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀,
ꦗꦮꦧ꧀
ꦲꦪꦲ꧀.
ꦒꦼꦫꦼꦗ
ꦲꦶꦏꦶ
ꦢꦢꦶ
ꦱꦭꦃ
ꦱꦶꦗꦶ
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀
ꦠꦼꦫ꧀ꦏꦼꦤꦭ꧀
ꦲꦶꦁ
ꦏꦺꦴꦠ
ꦭꦩ.
ayah = “Iki Gereja Blenduk,” jawab ayah. “Gereja iki dadi salah siji bangunan terkenal ing Kota Lama.”
ꦕꦼꦕ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦤ꧀ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ ꦲꦺꦴꦠꦺꦴ ꦏꦫꦺꦴ ꦲꦪꦃ ꦲꦶꦁ
ꦔꦫꦼꦥ꧀ ꦒꦼꦫꦼꦗ. ꦕꦼꦕ ꦱꦼꦤꦼꦁ ꦧꦔꦼꦠ꧀ ꦲꦩꦫ꧀ꦒ ꦧꦔꦸꦤꦤꦼ ꦲꦸꦤꦶꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦲꦥꦶꦏ꧀. ꦱꦧꦤ꧀ꦗꦸꦫꦼ, ꦲꦪꦃ ꦔꦗꦏ꧀
ꦕꦼꦕ ꦩ꧀ꦭꦏꦸ-ꦩ꧀ꦭꦏꦸ ꦩꦤꦼꦲ꧀. ꦲꦤ ꦩꦸꦱꦼꦲꦸꦩ꧀, ꦱꦼꦥꦼꦢ ꦭꦮꦱ꧀, ꦭꦤ꧀ ꦏꦲꦼ-ꦏꦲꦼ ꦱꦶꦁ ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦩꦼꦤꦫꦶꦏ꧀.
Ceca banjur njupuk foto karo ayah ing ngarep gereja. Ceca seneng banget amarga bangunane unik lan apik. Sabanjure, ayah ngajak Ceca mlaku-mlaku maneh. Ana museum, sepeda lawas, lan kafe-kafe sing katon menarik.
ꦤꦭꦶꦏ ꦩ꧀ꦭꦏꦸ, ꦲꦪꦃ ꦔꦺꦴꦩꦺꦴꦁ ꦩꦤꦼꦲ꧀, ꦏꦶꦠ ꦏꦸꦢꦸ
ꦤ꧀ꦗꦒ ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀ ꦧꦼꦫ꧀ꦱꦼꦗꦫꦃ ꦱꦸꦥꦪ ꦲꦺꦴꦫ ꦫꦸꦱꦏ꧀. ꦏꦤ꧀ꦛꦶ ꦕꦫ ꦏꦸꦮꦶ, ꦲꦤꦏ꧀-ꦲꦤꦏ꧀ ꦲꦶꦁ ꦩꦤ꧀ꦒ꧀ꦱ
ꦔꦫꦼꦥ꧀ ꦲꦶꦱ ꦱꦶꦤꦲꦸ ꦱꦼꦗꦫꦲ꧀. ꦕꦼꦕ ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ ꦩꦤ꧀ꦛꦸꦏ꧀-ꦩꦤ꧀ꦛꦸꦏ꧀.
Nalika mlaku, ayah ngomong maneh, “Kita kudu njaga bangunan bersejarah supaya ora rusak. Kanthi cara kuwi, anak-anak ing mangsa ngarep isa sinau sejarah.”
Ceca banjur manthuk-manthuk.
ꦕꦼꦕ= ꦲꦶꦪꦺꦴ, ꦪꦲ꧀. ꦕꦼꦕ ꦲꦸꦒ ꦥꦼꦔꦶꦤ꧀ ꦤ꧀ꦗꦒ
ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀ ꦧꦼꦫ꧀ꦱꦼꦗꦫꦲ꧀, ꦲꦸꦗꦫꦼ ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀.
ceca = “Iyo, Yah. Ceca uga pengin njaga bangunan bersejarah,” ujare semangat.
ꦱꦢꦸꦫꦸꦔꦼ ꦩꦸꦭꦶꦲ꧀, ꦲꦪꦃ ꦠꦸꦏꦸ ꦲꦼꦱ꧀ ꦏ꧀ꦫꦶꦩ꧀ ꦏꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦺꦴ ꦕꦼꦕ. ꦝꦼꦮꦼꦏꦼ ꦩꦔꦤ꧀ ꦲꦼꦱ꧀ ꦏ꧀ꦫꦶꦩ꧀ ꦧꦫꦼꦁ ꦲꦶꦁ ꦥꦶꦤ꧀ꦒ꧀ꦒꦶꦂ ꦢꦭꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦠ ꦭꦩ. ꦕꦼꦕ ꦫꦸꦩꦤ꧀ꦒ꧀ꦱ ꦱꦼꦤꦼꦁ ꦧꦔꦼꦠ꧀ ꦢꦶꦤ ꦏꦸꦮꦶ. ꦱꦏ ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ ꦩꦼꦚꦁ ꦏꦺꦴꦠ ꦭꦩ, ꦕꦼꦕ ꦢꦢꦶ ꦔꦼꦫ꧀ꦠꦶ ꦧꦧꦒꦤ꧀ ꦧꦔꦸꦤꦤ꧀ ꦧꦼꦫ꧀ꦱꦼꦗꦫꦃ ꦭꦤ꧀ ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦔꦼ ꦤ꧀ꦗꦒ ꦱꦼꦗꦫꦲ꧀.
Sadurunge mulih, ayah tuku es krim kanggo Ceca. Dheweke mangan es krim bareng ing pinggir dalan Kota Lama.
Ceca rumangsa seneng banget dina kuwi. Saka dolan menyang Kota Lama, Ceca dadi ngerti babagan bangunan bersejarah lan pentinge njaga sejarah.

Posting Komentar